Kamis, 24 Oktober 2013

Puji-pujian Syi ir Tanpo Waton (Gusdur)



Astagfirullah robbal baroya…
Astagfirulloh minal khootooya…
Robbi zidni `ilmannaafii’a…
Wawaffikni `amalansoliha…

Yarosulalloh salammun’alaik… Yaarofi’asaaniwaddaaroji…
`atfatayaji rotall `aalami… Yauhailaljuu diwaalkaromi…

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran, Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan, Rino wengine tanpo petungan 2X

Duh bolo konco priyo wanitoMOjo mung ngaji syare’at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco, Tembe mburine bakal sangsoro 2X

Akeh kang apal Qur’an haditse, Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke,Yen isih kotor ati akale 2X

Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nistho 2X

Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhite Baguse sangu mulyo matine 2X

Kang aran soleh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma’rifate Ugo hakekot manjing rasane 2 X

Alquran qodim wahyu minulyoTanpo ditulis biso diwoco


Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing jero dodo 2X

Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat rosul dadi pedoman Minongko dalan manjing iman 2 X
 
Kelawan Alloh kang moho suci Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X

Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan Kabeh tinakdir saking pengeran 2X

Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podho rukun podho trapsilo
Iku sunnahe, Rasul kang mulyo Nabi Muhammad, Panutan Kito 2X

Ayo nglakoni sakabehane Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire Ananging mulyo maqom drajate 2X

Lamun palarasto ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone Utuh mayite ugo ulese 2X
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar