FADILAH JUM’ATAN
Poro Kawulone Allah
Monggo Tansa podho
takwo MARANG Alloh kelawan sak
temen-temene takwo, monggo nglakoni perintah-perintahe Allah lan ngedohi
larang-larangane Allah, kerono sak temene ora ono keuntungan kang luwe gedhengungkuli
toat marang Alloh lan ora ono bahaya kang luwe gedhe ngungkuli tumindak maksiat
marang Allah SWT,
Monggo podo syukur dumateng Allah SWT, krono Allah wes
nggampangake kulo lan panjenengan sedoyo teko ono ing majlis Jum’atan iki, ing
ndalem majlis Jum’atan iki, ono anugrah-anugrah, ono fadhilah-fadhilah kang
gedhe banget. Dino jum’at iki dino kang banget mulyane, ora ono dino kang luweh
mulyo ngungkuli dino Jumat, dino jum’at iki dino sejarah, ngelengake kitho
marang sejarah wujude menungso. Di ngendika’ake ing ndalem sewijine hadits, sak
temene Allah SWT nggawe mbah kitho Adam AS, ing ndalem dino Jum’at, sehinggo
ing ndalem dino jum’at iki kitho kelingan marang mbah kitho, kelingan sak
temene kitho iki makhluke Allah kang dimulya’ake, kerono kito iki nasabe nasab
kang mulyo, yoiku keturunane nabi lan Rosul yoiku Adam AS,
Ing ndalem Jum’at iki kitho ugo ngelingi akhire jagad iki,
di ngendika’ake ing ndalem sewijine hadits, sak temene ing ndalem dino jum’at
ugo Allah bakal ngancurake jagat iki, tegese kiyamat, sehinggo kitho mandeng
jagat iki kanthi bener, dunyo iki ora ono regane, kemulyaane dunyo iki dudu
kemulyaan kang sak temene.
Poro
Kawulone Allah
Dini
jum’at iki ugo dino kang ing ndalem dino iki, kitho ngumpulake sak mulyane-mulyane
amal kanggo kawulane Alloh yoiku sholat jum’at ngibadah kang banget mulyane.
Poro
Kawulone Allah
Lan
ugo ing ndalem dino Jum’at iki kitho ngumpulake usaha kang paling mulyo kang
diparingake deneng Alloh marang menungso yoiku usahane kanjeng Nabi Agung SAW,
yoiki eling-elingan ing ndalem nglakoni agamane Allah.
Poro
Kawulone Allah
Lan
isih ono kemulyaan-kemulyaan kang ghoib, fadhilah-fadilah kang ghoib ing ndalem
dino jum,at iki, dingendika’ake ing ndalem dino jum’at iki ono wektu-wektu
mustajab. Wektu seng dongane wong iku
mesti diiajabahi marang Alloh SWT, tetapi wektu iku dirahasiaake deneng Alloh,
sebagian ulama ngendika’ake wektu khutbah, sebagian ngendika’ake wektu antara
ashar lan magrib,
Mulo
ing ndalem wektu khutbah lan wektu ba’da aashar dino Jum’at iki wektune ndungo
marang Alloh, menowo dungo-dungo kitho di ijabahi deneng Alloh.
Poro
Kawulone Allah
Kemulyaan
dino jum’at iki ora mung ing ndalem dino jum’at wahe, tetapi mulai malem jum’at
wus ono kemulyaan-kemulyaane. Di ngendika’ake ing ndalem sewijine hadist, sak
temene ing ndalem dino jum’at iku ono 24 jam lan ing ndalem setiap jam iku
Alloh SWT merdeka’ake 600,000 wong soko nerokone Alloh SWT.
Poro
Kawulone Allah
Sak
mestinewong-wong iman iku nemen-nemeni dino jum’at ora iso leren ngamal ing
ndalem dino jum’at kerono agunge fadilah-fadilah kang diparingake deneng Allh
ing ndalem dino Jumat.
Poro
Kawulone Allah
Ono
meneh fadilah kang agung, yoiku kang diriwayatake deneng abdullah ibn amr ibn
ash ra, ing ndalem hadist kang shohih, kanjeng nabi dawuh sopo wonge adus ing
ndalem dino jum’at tumuli nyedak,
maksute usaha manggon ono shof-shof ngarep lan berangkat ing ndalem wektu esuk,
ngrungokae khutbah kanthi sak temen-temene, mengko setiap langkah
berangkate tumuju masjid nglakoni jum’atan
di etung ganjarane koyo dene sholat wengi lan poso setahun, dadi sopo wong kang
mangkat jum’atan manggon shof paling ngarep dewe, mongko Alloh ganjar pahala
podo karo sholat wengi lan poso setahun, iki hadist shohih kang diriwayatake
deneng Imam ahmad Rah.
Poro
Kawulone Allah
Lagi
aduse wahe poro kawulane Alloh, di critak’ake ing ndalem sewijine hadist, wong
kang adus ing ndalem dino jum’at dosa-dosane bakal disepuro kabeh deneng Allah
swt, olehe nyabut soko pok-pok’ane
rabumbute kabeh, dadi doso-dosa seng dilakoni kabeh dingapuro deneng Allah,
mongko ayo podo ninda’ake sholat jum’at kanthi bener, yaoiku mangkat tumuju
masjid paling awal, supoyo enthuk pahala, kabeh doso dingapuro deneng Allah,
sak akeh-akehe doso bakal dingapuro, yen panjenengan mangkal awal wektu, lan
oleh panggonan shof seng paling ngarep dewe,
Poro
Kawulone Allah
Ing
ndalem dino jum’at iki kitho ugo di sunahake gawe kesenengan kanggo konco-konco
islam kitho kelawan nganggo wangi-wangian supoyo pertemuan kitho iki ora
ndadek’ake gangguan marang konco-konco islam kitho, lan ugo ndadekne senenge
poro malaikat.
Ringkese
Poro Kawulone Allah
Umpomo
poro menungso iku ngerti koyo opo kemulyaan lan keagungan jum’atan tentu
wong-wong podho nemen-nemeni olehe jum’atan koyo dene kang dilakoni deneng
wong-wong shokeh biyen, esuk-esuk ba’da shubuh wus berangkat jum’atn kelawan
nggowo oncor kerono ngerti fadhilahe jum’atan.
Poro
Kawulone Allah
Sampek
dicerita’ake ing ndalem sewijine hadist, sak temene wong-wong kang nemen-nemeni
masalah jum’atan, mengko ono ing oro-oro mahsyar bakal diwujudake,diweruhake
arupo mahkluk kang endah banget, kang putih banget ngungkuli es, kang luweh
wangi ngungkuli kasturi, didadek’ake tunggangane wong-wong ahli jum’atan tumuju
marang suwargane Alloh. Naliko wong-wong isih podo kepanasen ono ing oro-oro
mahsyar.
Poro
Kawulone Allah
Piro
wae manungso kang jum’atan wingi isih bareng kalian kitho sak iki sampun sowan ono ngersane ndalem Alloh SWT. Mulo
wong kang untung yoiku wong kang cepet-cepet ngakehi ngamal sak durunge ora ono
kesempatan kanggo amal, yoiku mati, mongko poro sederek sedoyo monggo mumpung
nyowo sik gumatung ono ing rogo, monggo sareng-sareng sregep ngamal, supado
dados tiang iknag untung, dunyo lan akheratipun, kerono syaiton usaha supoyo
kitho, nunda amal sehinggo kitho mati ing ndalem kebingungan,
Poro
Kawulone Allah
Supados
kitho mati dalam keadaan tersenyum-senyum dikubur kitho, monggo sareng-sareng
amalkan agama, Monggo Dakwakan agama, hidupkan taklim dirumah-rumah,
dimasjid-masjid dikampung-kampung agar hidup kita dapat hidayah, amin yarobal
alamin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar