Senin, 27 Maret 2023

SYI'IR AYATE QURAN pujian setelah adzan

SYI'IR AYATE QURAN
 Video Klik disini

يَا رَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَلَيْك
 يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
 

Ayate Qur'an kabeh nem ewu
Punjul nem atus suwidak krungu
Kang sewu nerangake perintah
Sekehe wajib fardlu lan sunnah
Lan sewu nerangake larangan
Kang sewu nerangake janjian    
Sewu pengancam ingkang medeni
Sewu cerito dongeng kang peni
Sewu nerangake telodo
Supugo ngerti jur manjing dodo
Kang limang atus anerangaken
Halal lan haram dijogo temen
Satus ing tahlil tasbih anutur
Supoyo podo den tur tinutur
Ingkang suwidak nyaline ayat
Kang den salini tinutur tammat
Seng moco saben sak huruf Qur'an
Ginanjar siji sutera sandangan
Besok naliko ono suwargo
Langgeng lan tetep jembar lan lego
Seng sopo wonge podo kepingin
Macaho Qur'an kang luwih dingin