Puji-pujian Dikon ngaji jik semoyo
Ono tangis kelayun-layun,
tangise wong wedi mati
Gedhongono kuncenono,
yen mati mosok wurungo
Dikon ngaji kathik semoyo,
semoyo panen bubar riyoyo
Disangkakno Umure dowo
Izroil teko sing nyabut nyowo,
Nyowo dijabut rogo gulimpang
Tonggo tanggane kang podo rewang
Sambate mayit adulah kapok
Bareng wes kadung di pasang pathok,
Dawane mayit mung pitung pecak
Bareng wes kadung di idak-idak
Sikso Kubur banget larane
Sikso neroko iku gandengane
Jin Manungso iku isinine
Kanggo nebus dosodosane
Mulo wong urip podo elingo
Uripmu mung sak wetoro,
Ya Allah Kulo nyuwon ngapuro
Sekathae doso kulo.
